Amsal 17:22 Hati yang gembira adalah obat yang manjur, tetapi semangat yang patah mengeringkan tulang.
Wulang Bebasan 17:22 Ati kang bingar iku minangka obat kang manjur, nanging ilanging semangat iku ngroposake balung.
Syalom bapa tuwin ibu sadaya..???.. pripun kabare….sehat,..luarbiasa..!!!!Kula pitados bilih kita sadaya dinten menika tansah binerkahan Dening Gusti.,… Amien..!!!!!!. Sugeng pinanggih Malih wonten ing pangabekti adiyuswa soten menika. sejatosipun Kula njih Radi nerfes mekaten, utawi Radi dredeg. kinging menapa ?.. njih Karana panjenengan sadaya Menika klebet tiyang sepuh Kula, ananging pripun malih njih, menika sampun dados kewajiban minangka majelising pasamuan. Karana menika mangga mawon, kita sesarengan nyinau bab perkawis jatiwaluyaning Gesang condong kaliyan karsanipun Gusti kita Yesus kristus.
lah bapa tuwin ibu ingkang tansah dipun tresnani Dening Gusti, kita sadaya tamtu samun mangertos, bilih kita suci menika wonten kalih bagian, njih menika pernjanjian, lami lan perjanjian enggal. mekaten ugi selajengipun, perjanjian lami lan Enggal menika dipun perang Malih dados pepinten pinten perangan, Ten perjanjian Enggal wonten ingkang dipun sebat Injil, kados Injil Matius, Markus lan seljengipun. mekaten ugi perjanjian lami, ugi dipun perang dados pepinten kitab, salah satunggalipun njih menika Amsal, sejatosipun ingkang nyerat utawi nulis kitab amsal menika mboten namung salomo kemawon, ananging sebagian besar kitab amsal menika dipun serat Dening raja salo, isi kitab amsal menika, seratanipun nada nada nipun kados puisi. la biasa nipun bapa tuwin ibu penulis puisi Meniko, anggenipun ndamel puisi tamtu condong kaliayan raosing manah lan kasunyataning Gesang ingkang dipun alami si penulis.
Karana menika bapa ibu, sonten menika, mangga kita sami nyinau seratanipun Salomo ten amsal 17:22 satunggal ayat kemawon, mekaten suraosipun, ” Ati kang bingar iku minangka obat kang manjur, nanging ilanging semangat iku ngroposake balung.
sejatosipun bapa ugi ibu, sak menika, menika kathah sanget tiyang ingkang lagi nandang sakit, kathah tiyang ingkang lagi bingung pados obat kangge nyarasaken sakit, penyakit ingkang dipun raosaken. langkung lngkung ingkang bingungaken Malih, menika tiyang sakit ananging mboten mgrumaosi bilih piyambakipun menika sakit. kahanan ingkang mekaten Menika, nyata bapa tuwin ibu, ananging, mungkin kita kemawon ingkang kurang peka, ningali perkawis menika, cobi kita tingali lan kita graito kanthi tumemen.
menawi dinten Jumat legi utawi dinten dinten tertentu, kathah panggenan panggenan keramat, tempat tempat pemujaan, ingkang rame dipun kunjungi tiyang tiyang ingkang berkepentingan. conto : kados Deni gunung Kawi, dinten dinten tertentu kathah sanget tiyang ingkang berkunjung Ten ngriko, tujuanipun Mawarni warni, ananging menurut crito ingkang berkembang Ten masyarakat, ingkang ngriko menika kathah kathahipun tiyang pados pesugihan. la menurut pemanggih iman Kristen, tiyang menika kalebet tiyang ingkang sakit, sakit iman lan kapitadisanipun, kamangka ingkang Ten gunung Kawi Meniko kathah kathahipun sadaya sampun kagungan keyakinan utawi agama.
bapa tuwin ibu, sonten menika, panjenenganipun, Rama kita ingkang wonten ing swarga, paring dawuh, lumantar amsal 17 ayat 22 kala wau, ngimutaken dumateng kita sadaya. dumateng Kula lan panjenengan sadaya supados kita mboten salah anggen kita pados obatipun Gesang. Karana sadaya perkawis, Gesang, sakit penyakit ingkan dipun alami wonten ing Gesang kita menika namung satunggal, obatipun, njih menika iman. menawi iman kita menika kiyat, pitados dumateng Gusti, gampil titikanipun, wonten kok alat pengukuripun, barometeripun kangge ningali kiyat lan mbotenipun iman kita !!!. njih menika manah utawi ati wonten bahasa Indonesia kasebat Hati. selajengipun menawi kita pingin sumerep kiyat lan mbotenipun iman kita ndumateng Gusti, gampil, cobi tanglet mawon dumateng manah utawi hati kita piyambak piyambak, pasti ten ngriku wonten wangsulanipun. Karana menika wonten lagu ingkang mekaten ( Tuhan…..Tuhan…..dst..). . dados bapa tuwin ibu, sadaya perkawis Gesang menika tolak ukuripun wonten ing manah. menawi manah kita rumaos bingah tamtu Gesang kita ugi semngat, mekaten ugi kosok wangsulipun menawi Manah kita sisah tamtu Gesang ugi badhe kicalan semangatipun. perkawis menika ugi dipun alami dening Salomo, Salomo estu ngraosaken, bilih manah engkang sisah, badhe kicalan semangating Gesang, selajengipun menawi semangating Gesang Ical, Meniko alamat bilih balung ugi badhe ngalami pengroposan. menawi sampun mekaten ateges Gesang menika badhe kicalan pengajeng ngajeng, mboten wonten Malih pengharapan. Karana menika Salomo bersaksi bilih manah ingkang bingar minangka obat ingkang manjur, utawi hati yang gembira adalah obat yang manjur. selajengipun tiyang ingkang saget ngraosaken sukobingahipun Gesang, njih Meniko namung tiyang ingkang iman kapitadisanipun estu ngener dumateng Gusti, Karana kabingahan ingkang sangkanipun saking gustiallah, menika kabingahan ingkan abadi, kabingahan ingkang mboten badhe Ical, beten kaliyan kabingahan ingkang sangkanipun saking ndoya, menawi kabingahan ingkang saking ndonyo, Meniko kbingahan ingkang semu, sewaktu waktu badhe Ical,
Karana menika bapa ugi ibu ingkang Kinasih, mangga, supados kita sadaya angsal sukobingahing Gesang saking Gusti Allah, kita aturaken mawon sakranduning Gesang kita namung wonten ing astanipun Gusti. mboten kraos bilih kita sadaya, tansaya dangu ugi tan saya sepuh yuswanipun, wonten yuswa ingkang sampun sepuh menika, mangga kita manut mawon dumateng pangrehipun Gusti. kita taksih kimutan bapa ibu dumateng Henokh, Karana imanipun Henokh mboten ngalami pejah, piyambakipun langsung terangkat Dateng swarga Dening Gusti. lah bapa ibu sadaya, Mugi kanthi sakedik reraosan sonten menika sageta dados berkat kagem kita sadaya, sageta dados tambahing raos sukobingahing Gesang kita anggen kita sami Gesang nderek Gusti. Gusti Yesus amberkahi kita sami, Wiwit dinten menika ngantos Selami laminipun. Amien.
by : Sudarmajitudeyang.
