Waosan saking Yohanes 10:22-30
Pasamuan ingkang dipun tresnani Dening Gusti kita Yesus Kristus, riyadin persembahan bait Allah menika minangka, riyadin ingkang mengeti dinten pembangunan Malih bait Allah, saksampunipun pembuangan bangsa Israel ke babil. Wonten ing kesempatan menika Gusti Yesus rawuh malih ten bait Allah, piyambakipun berkotbah wonten ing serambi salomo, kala semanten kathah tiyang berjiarah lan mirengaken menapa ingkang dipun dawuhaken utawi dipun khotbahaken dening Gusti Yesus.
Kala semanten para tiyang Yahudi ugi menuntut dumateng Gusti Yesus, supados Gusti Yesus ngutaraaken wonten ing ngajeng umum, sinten sejatosipun piyambakipun menika, menapa mesias ingkang dipun tenggo menapa sanes. Para tiyang Yahudi menika meksa sanget, supados Gusti Yesus mengeluarkan kata kata ingkang saget dipun damel dasar gerakan pemberontakan terhadap bangsa Roma kala semanten. Para tiyang Yahudi menika sampun siap, mental, siap senjata nderek Gusti Yesus perang, memberontak, dumateng bangsa penjajah ingkang sampun sawetawis dangu menjajah. Tiyang Yahudi ugi sampun bosen, mirengaken hubungan anak lan bapak minangka dasar kehidupan mereka, tiyang Yahudi menuntut kekerasan, Arta lan perluasan wilayah.
Pasamuan ingkang Kinasih, ananging kagem Gusti Yesus mboten mekaten, Gusti Yesus kagungan rencana piyambak, lan menika mboten sami kaliyan rencananipun para tiyang Yahudi kala wau. Rencananipun Gusti Yesus menika mboten kok rencana kekerasan kados rencananipun tiyang Yahudi, ananging rencananipun Gusti Yesus menika Endah tumrap sadaya umat kagunganipun, rencananipun Gusti Yesus menika kebak katresnan welas asih, rendah hati, lan Gusti Yesus mboten purun ngutaraaken bilih piyambakipun menika sang mesias, kados ingkang sampun dipun utarakaken dumateng perempuan samaria (Yohanes 4:25-26) mekaten ugi dumateng tiyang wuto saking lahir ingkang sampun dipun sarasaken ( Yohanes 9:1-31)
Saderek Kula sadaya ingkang Kinasih, Gusti yesus menika, pembebas rohani, ingkang kebak welas asih, mboten kok sami kaliyan menapa ingkang dipun Ajeng Ajeng Dening tiyang yahudi kala semanten, njih menika ngajeng ajeng supados Gusti yesus dados mesia secara politis, saget mimpin bangsa Yahudi memberontak, perang, lan membasaken bangsa Yahudi saking penjajahan bangsa Roma.
Ananging bapa tuwin ibu, jebule mboten mekaten, Gusti Yesus malah ngutaraaken, bilih piyambakipun menika, minangka sang gembala ingkang Sae, ingkang kanthi Sae ugi sampun tepang sanget kaliyan mendo mendanipun. Ananging tiyang Yahudi mboten, mboten babarpisan tepang lan wanuh kaliyan Gusti Yesus, Karana pancen piyambakipun menika sanes mendanipun Gusti.
Pasamuan ingkang Kinasih, minangka gembala ingkang Sae ( Yohanes 10:11) Gusti yesus tansah njagi lan ngrimati ugi nyekapi sadaya kebetahan gesangipun para mendo mendanipun, kalebet Gesang Kula lan panjenengan sadaya, minangka gembala ingkang Sae, Gusti Yesus tansah, jagi Gesang kita sadaya saking sekathahing bebaya, kita sadaya dipun Paringi panggenan ingkang Sae, dipun paringi berkah ingkang Sae tur cekap, rinten kaliyan dalu kita tansah dipun jagi. Sepindah Malih, minangka gembala ingkang Sae, Gusti Yesus tansah nyekapi kebetahan kita sadaya , Sae rohani ugi jasmani.
Karana menika bapa ibu sadaya ingkang Kinasih, minangka mendanipun Gusti, ingkang sampun sami binerkahan, kita sadaya Kedah peka, saget mirengaken suantenipun gusti, saget ngraosaken lan nggatekaken timbalanipun gusti. minangka mendanipun Gusti lan kita sampun tepang, wanuh mboten kok namung suantenipun, ananging ugi lampahing gusti, mekaten ugi Gusti Yesus ugi saget mbedakaken pundi mendo mendanipun. Menawi sampun mekaten menika nedahaken bilih wonten hubungan ingkang erat sanget kaliyan Gusti.
Pasamuang ingkang Kinasih ing ndalem asmanipun Gusti, Minggu menika kita sadaya sampun nampi gambaran, bilih Gusti Yesus anggenipun nindakaken pakaryanipun, menika kebak kaliyan mujizat mujizat ingkang sae, tetepkemawon para tiyang Yahudi menika mboten pitados bilih Gusti Yesus menika sang mesias ingkang dipun tunggu tunggu. Tiyang Yahudi mboten pitados bilih Gusti Yesus menika putraning Allah. Wonten ing ngriki wonten perbedaan pemanggih, tiyang Yahudi ngajeng anjeng mesias secara politis, mesias ingkang priyantunipun gagah perkosa, ingkang saget mimpin bangsa Yahudi perang lan bebasaken bangsa Yahudi saking penjajahan bangsa Romawi. Ananging mboten mekaten miturut Gusti, Gusti Yesus rawuh wonten ing ndonya menika, minangka mesias, minangka raja ingkang dipun urapi Dening ramanipun, supados saget ngualaken sadaya umat kagunganipun saking sakkathahing belenggu dosa lan maut.
Saderek Kula sadaya ingkang Kinasih, Gusti Yesus rawuh wonten ing ndonya menika, mboten kok membangung kerajaan secara politik, kekuasaan duniawi, mboten mekaten, ananging Gusti rawuh menika hambangung kerajaab sorga, ingkang kebak kaliyan katresnan, kebak karahayon, tentrem Rahayu kagem sadaya umat kagunganipun, la perkawis menika kedahipun kita mangertos, supados Kula lan panjenengan by sadaya saget dados warga kratoning swarga ingkang Sae, mangga kita nyatunggil, nyawiji Nunggal siji kaliyan Gusti Yesus wonten ing kratoning swarga ingkang sawek kawangung dening Gusti.
Pasamuan ingkang Kinasih, menawi kita sami sampun nyatunggil kaliyan Gusti Yesus tamtu kita ugi nyantunggil kaliyan Rama wonten ing swarga, lan menawi Gesang kita sampu wonten ing Gusti lan Gusti wonten ing Gesang kita, tamtu Gesang kita sadaya ugi kebak kaliyan berkat lan sihrahmatipun Gusti ingkang Tampa winates.
Pasamuan ingkang Kinasih, sejatosipun kita sadari utawi mboten, Kula lan panjenengan sadaya menika, sakmenika estu estu sampun dipun paringi berkah Dening Gusti, ingkang estu matumpa tumpa lan sihmawantu wantu. Kita sadaya sampun dipun piji Dening Gusti minangka umat ingkang dipun wilujengaken, sakranduning Gesang kita sampun kacekapan. Menika Sedaya Karana sihrahmat lan peparingipun Gusti Allah piyambak. Lan selajengipun bilih mbenjing dinten Minggu tanggal……..
Pasamuan kita badhe ngawontenaken riyadin unduh unduh. La mangga, menika kesempatan ingkang Sae kagem kita sadaya, mangga kita sadaya nderek ambil bagian, lan saget asung saos syukur, kanthi ngasto persembahan kagem Gusti, minangka wujut anggen kita ngaturaken pamaturnuwon dumateng panjenenganipun. Mangga kita aturaken kathi ikhlas, kerendahan hati lan sukabingahing manah. Mugi Gusti Allah tansah paring kekiyatan dumateng kita sami supados kita sadaya saget misungsungaken menapa ingkang Sae kagem Gusti, Gusti Yesus amberkahi. Amien.
