Sugeng injing bapa tuwin ibu, pripun kabare ??…. njih Kula kinten sadaya tamtu Sae lan sadaya tamtu sami binerkahan…Amien njih ?…
Wonten ukara pasamuan ingkang Kinasih, njih menika perpisahan, perpisahan menika minangka sesuatu hal ingkang saget menyayat khalbu, sesuatu hal ingkang nguciwak aken, sesuatu ingkang saget ndamel gelaning manah, kagem sadaya tiyang ingkang ngraosaken lan ngalami. Malih Malih perpisahan menika kaliyan tiyang ingkang raket sanget, kados kados mboten saget dipun pisahaken, kaliyan tiyang ingkang estu berpengaruh .. Lakung tan saya ageng malih raos kuciwanipun, Amargi para murid menika mboten manggihi jasad ipun Gusti, malah malah mireng, terose tiyang tiyang Yahudi, bilih Gusti Yesus menika mboten bangkit, lan malah dipun gosip aken, bilih jasad ipun Gusti menika dipun Pendet utawi dipun curi dening para murid ipun. Ningali suasana ingkang mekaten menika, para murid ipun Gusti perasaanipun tan saya sedih, tan saya kuciwa, gundah gulana, perasaanipun mangu mangu, kados kados mboten wonten pengajeng ngajeng malih, ajrih putus asa tansah, nylimutu wonten ing gesangipun, para murid ngraosaken kados kados sihrahmat lan tentremipun Gusti sampun Ical, para murid ngraosaken, bilih gesangipun menika sampun mboten layak malih. Kathi alasan menika, sehingga para murid nglempak wonten ing salah satunggiling panggenan, sembunyi utawi ndelik wonten ing salah satunggaling griya, sadaya pintu dipun tutup kanthi rapet, malahan mboten pintu utawi Lawang kemawon ingkang katutup kanthi rapet, ananging manahipun ugi katutup rapet sanget, kanthi alasan supados tiyang Yahudi mboten sumerep.
Pasamuan ingkang Kinasih, suasana gesang lan manahipun para murid ingkang mekaten menika Gusti Yesus ugi pirsa, Karana menika, sanajana pintu omah lan atinipun para murid menika katutup kanthi rapet, Gusti Yesus tetep rawuh manggihi sadaya para murid ipun, Gusti Yesus menyapa, paring uluk salam dumateng para murid ipun, “ tentrem rahayu onaa ing Kowe Kabeh “ mireng suanten uluk salam saking Gusti ingkang khas menika, para murid kaget, Karana perasaan, suasana manah, para murid menika lagi mboten sekeco, carut marut mboten kanten kantenan, uluk salam saking Gusti menika estu sanget dipun betahaken, Karana uluk salam saking Gusti menika Ageng dayanipun. Sanajana uluk salamipun Gusti menika mboten kok langsung saget merubah suasana gesang para murid, ananging uluk salam menika paling tidak bisa masuk, mlebet, memenuhi ruang kosong hati para murid ingkang sawek gundah lan mboten menentu.
Saderek Kula sadaya ingkang Kinasih, kagem para murid ipun Gusti kalebet Kula lan panjenengan sadaya, Sih Rahmat lan tentrem rahayuning Gusti menika estu dipun betahaken, Karana menika minangka obat utawi suplemen penambah semangat lan kekiyatan supa supados kiyat nggadepi sadaya pergumulaning Gesang wonten ing alam ndonya menika. Pancen dengan menyapa, kanthi uluk salam tentrem rahayu tansah anaa ing Kowe Kabeh, menika Gusti Yesus mboten kok sawek sulapan lan sadayanipun dadakan dados Sae, mboten mekaten, ananging kanthi tentrem rahayuning Gusti menika paling tidak paring pengajeng Ajeng ingal, paring kekiyatan lan semangat inggal, Paring katentreman wonten ing manah, sehingga kita sadaya saget lan kiyat nggadepi ugi ngribah saking suasana ingkang mboten Sae dados sae. Kala semanten ugi mekaten, para murid ipun Gusti, saksampunipun mireng uluk salamipun Gusti, mboten sakkala persoalan menika Ical, ananging tansaya dangu tentrem rahayuning Gusti menika saget merubah Gesang para murid lakung Sae lanjeng kagungan semangat ugi keberanian dados para saksi ipun Gusti ingkang sejati.
Pasamua ingkang dipun tresnani Dening Gusti, kejadian ingkang dipun alami dening para murid ipun Gusti kala semanten, wonten satunggaling murid ingkang, mboten sesarengan, njih menika si Thomas, Karana menika Thomas mboten pitados babar pisan kaliyan berita ingkang dipun sampekaken dening para murid lintunipun menika, bilih Gusti Yesus sampun bangkit. Thomas menika priyantun ingkang kritis, priyantun ingkang mboten gampil pitados mekaten kemawon, Thomas mboten pitados menawi dereng njemok utawi njamah lan ningali Gusti piyambak, Thomas nyuwun bukti. Ningali Thomas ingkang mekaten saderek Kula sadaya, Gusti Yesus banjur methuki lan ngandiko dumateng Thomas, “Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu lan kowe aja nganti ora ngandel maneh, nanging kumandela!” lanjeng Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!” Menik nedahaken bilih tentrem rahayuning Gusti estu sampun mlebet wonten ing manahipun Thomas.
Bapa ibu ingkang Kinasih, pancen sak estu zaman sakmenika mboten wonten bukti, tiyang mboten gampil pitados, tiyang badhe pitados menawi sampun ningali bukti. Ananging Kedah enget, bilih mboten sadaya perkawis wonten ing alam ndoya menika saget dipun buktekaken, wonten perkawis ingkang mboten saget dipun tingali secara kasat mata, njih menika iman kapitadisan, iman menika nglangkungi logika manungsa, mekaten ugi kagem kita sadaya, senajana mboten ningali, ananging kita sadaya saget ngraosaken kwaos tentrem rahayuning Gusti wonteng ing Gesang kita sakben wedal, kita saget ngraosaken berkahing Gusti lumantar sadaya pakaryan kita.
Terkadang bapa tuwin ibu, mboten jarang bilih sikap kados Thomas menika ugi dados sikap kita, kita ugi asring mboten gampil pitados menawi dereng ningali bukti. Ananging Thomas, senajana mekaten piyambakipun menika klebet priyantun ingkang rendah hati, sabar ugi santun, Thomas saget nampi lan pitados bilih Gusti Yesus menika estu sampun Wungu. Sakmenika kados pundi kagem Kula lan panjengan sadaya, mangga kita sami Sinau utawi belajar saking Thomas, kanthi rendah hati saget nampi bilih Gusti Yesus menika estu sampun Wungu paring sihramat lan tentrem Rahayu dumateng kita sadaya. Kita sadaya sampun dipun mardikaaken Dening Gusti, dipun berkahi, dipun cekapi sadaya kabetahaning Gesang kita. Mangga tentrem Rahayu pinaringipun Gusti menika kita wujut nyatakaken wonten ing Gesang kita, tegesipun kita dipun berkahi Dening Gusti, Mugi kita ugi saget dados berkat kagem sesami, kita dipun Paringi damai Dening Gusti, Mugi kita ugi saget ciptaaken suasana damai kagem sesami.
Pasamuan ingkang Kinasih, nembe kemawon kita mengeti paskah, Mugi semangat lan jiwa paskah menika mboten berlalu utawi Ical saking Gesang kita, ananging semangat paskah tansah menjiwai Gesang Kula lan panjenengan sadaya, sehingga kita sadaya tansah kagungan semangat Enggal kangge nglajengaken Gesang wonten ing alam ndonya menika, enget bapa tuwin ibu sadaya njih, dinten menika Gusti Yesus sampun nunggil kaliyan kita, sampun nimbali ugi miji Kula lan panjenengan supados kita saget dados saksi saksinipun. Lan mangga kanthi semangat, sesarengan kita tansah memulalia aken Gusti kang sampun nganthi Gesang kita ngantos Selami lamanya. Amien.
Bu : Sudarmajitudeyang
