Dados muridtipun Gusti
Waosan, Lukas 19:28-40
Shalom bapa ibu ugi saderek Kula sadaya ingkang Kinasih,
Wonten ngriki Kula kagungan cuplikan film, ngingingi usaha putra ingkang kepingin dados murid. Mangga dipun simak lan pirsani sesarengan njih !.
Pasamuan ingkang Kinasih, menapa ingkang saget kita pahami ngingingi Vidio ingkang nembe kita tinggali sesarengan menika ??.. mungkin wonten ing lebetipun manah kita tuwuh pitakenan, nopata tegesipun mendet lan nyalap jaket, lan si anak menika ugi tanglet lan kagungan pemanggih sami, menapa ta maksud lan tegese sadaya menika, Napa njih leres menika caranipun latihan kungfu, pitakenan menika muncul ketika si anak menika sawek latihan, kadosipun si anak menika mboten yakin lan mboten pitados, bilih gerakan mendet lan nyalap jaket menika klebet gerakan latihan kungfu, Karana menapa ?? njih Karana si anak menika, mboten mangertos, napata tegesipun latihan menika.
Pasamuan ingkang Kinasih, Waosan injing menika ugi mekaten, nyariosaken, bilih jalan ketidak pastian, sampun dipun lalui Dening Gusti Yesus. Wonten ing relasi trinitas, sampun cetha sanget, bilih Gusti Yesus menika mboten kok namung dados wayang, ingkang dalangipun, njih menika ramanipun piyambak, ananging Gusti Yesus kagungan kebebasan nindakaken pakaryanipun minangka putranipun ALLAH. Sejatosipun Gusti Yesus saget mawon menyimpang lan mboten miji radosan ingkang susah, mboten miji radosan ingkang kebak resiko, lan miji radosan ingkang nyaman ugi aman kangge nglajengaken Gesang.
ananging saderek Kula sadaya, narasi ingkang wonten ing Injil Lukas menika, nggambaraken perjalanan pun Gusti Yesus menuju Yerusalem, la kagem Gusti Yesus piyambak perjalanan menuju Yerusalem menika, minangka karya kawilujengan kagem umat kagunganipun. Ugi kalebet Kula lan panjenengan sadaya. Anggenipun Gusti Yesus mlebet Ten Yerusalem menika pancen sekedik radi dramatis kebak isyarat lan makna.
Anggenipun Gusti Yesus mlebet Yerusalem menika mboten kok tanpa perhitungan, justru Gusti Yesus sampun ngetang sedayanipun, sampun ngetang ugi sadaya resikonipun, Napa Napa lan sinten kemawon ingkang badge dipun hadepi, lan kadospundi ugi anggenipun nggadepi. Selajengipun Gusti Yesus ngandika ndateng muridtipun supados pados keledai muda, kagem tunggangan mlebet Yerusalem, lan muridtipun sumadya mirengaken ugi nindakaken. Menika Karana para murid yakin lan pitados, bilih Yesus menika pancen estu estu sang mesias ingkan dipun rantos.
Pasamuan ingkang Kinasih, jalan menuju Yerusalem menika jalan ingkang kebak kaliyan resiko, jalan ingkang kebak bahaya, Karana ingkang badhe dipun hadepi menika mboten perkawis ingkang entheng, ananging perkawis ingkang awrat, wonten Yerusalem Gusti Yesus Kedah menghadapi suasana politik ingkang mboten ngremenaken, tegesipun Gusti Yesus Kedah menantang para elit politik bangsa Yahudi, Gusti Yesus menantang hegemoni, lan resikonipun saget saget nyawa turuhanipun. Pasamuan ingkang Kinasih, senajana mekaten, kanthi sadar Gusti Yesus anggenipun nindakaken sadaya menika, Karana saking sayangipun Gusti Yesus dumateng manungsa, sehingga piyambakipun miji Via dolorosanipun. Njih menika jalan penderitaan.
Pasamuan ingkang Kinasih, Minggu menika, kita mlebet wonten ing Minggu palmarum, njih menika Minggu mengenang peristiwa perjalananipun Gusti Yesus mlebet ten Yerusalem, Sakderengipun Gusti seda sinalib wonten ing ngardi golguta lan Wungu Malih saking antawisipu tiyang pejah.
Selajengipun sederek Kula sadaya ingkang Kinasih, sakmenika kados pundi kagem Gesang Kula lan panjenengan sadaya, cuplikan film wonten ing Inggil wau, nedahaken bilih kita sadaya asring mboten mangertos lan kirang memahami, menapa maksud lan tujuanipun Gusti Yesus tumrap Gesang Kula lan panjenengan sadaya. Pancen sederek Kula Kinasih, dados muridtipun Gusti menika mboten kok namung percaya utawi pitados kemawon, ananging ugi betah penngorbanan, dados muridtipun Gusti Kedah wantun menyuarakan kebenaran dan keadilan, ugi betah ketulusan ing manah, andap asor Satunggal lan satunggalipun, saget mengejawantahkan arti kasih wonten ing Gesang sakben wedal. Bapa ibu ingkang Kinasih, sak menika manga, wonten ing Minggu palmarum menika, kanthi semangat via dolorosanipun Gusti kita sami nindakaken menapa ingkang sampun dados dawuhipun. Gusti Yesus amberkahi Amien

By : Sudarmajitudeyang.

Anda harus log masuk untuk menerbitkan komentar.