Kakiyatan Iman. Pangabekti patuwen 31 Maret 2022
Waosan saking perjanjian lami Yesaya 43:1-7
(Gesang mboten segampil menika)
Shalom bapa tuwin ibu, ugi saderek Kula sadaya ingkang Kinasih ing ndalem asmanipun Gusti. Kula pitados, bilih perkataan utawi masukan ingkang positif lan membangun menika ewet dipun Amini utawi mboten gampil dipun tampi, Dening tiyang tiyang ingkang sawek nggadepi pergumulan Gesang ingkang awrat. Perkataan, ingkang membangun, perkataan ingkang menghibur, ingkang ngiyataken supados tetep maju, pancen raos raosipun ewet dipun tampi, menawi tiyang menika, sawek nggadepi pakewet wonten ing gesangipun.
Saderek Kula ingkang Kinasih, wonten ing pergumulaning Gesang ingkan awrat, maksud kita paring masukan, paring kekiyatan, paring semangat, paring panglipur, paring dorongan supados piyambakipun mboten nglukro, ananging kasunyatanipun mboten mekaten, malah malah semangat lan dorongan ingkang dipun paringaken menika kadose namung meme kemawon ( namung guyonan utawi ejekan )
Barang kali kita sampun asring mirengaken, ceramah ceramah sang motifator, wonten ing medsos utawi wonten ing TV, kados Ibu Merry Riana, Bbp teguh Mario. Tiyang menika Sae sanget menawi paring motifasi. Ananging bapa tuwin ibu, mboten segampil menika, nindakaken Gesang wonten ndonya, njih nopo mboten ???
Pancen sak estu, Gesang menika mboten kok segampil kados nopo ingkang kita bayangkan, Gesang menika mboten segampil, kados nopo ingkang dipun kotbahaken Dening para peladosing pasamuan, lan Gesang menika mboten segampil Malik telapaking Asta. Kenging menapa saget mekaten, njih bapa ibu, pancen sak estu, ewet sanget, kita bangkit dari keterpurukan hidup ini, yang seakan akan tidak ada harapan lagi. Ananging,..!! Gesang menika sejatosipun namung betah keyakinan, iman kita kedahipun kiyat, lan pitados sesarengan kaliyan Gusti, kita sadaya saget, kiyat lan sagah nggadepi sadaya pergumulaning Gesang.
Saderek Kula ingkang Kinasih, waosan kita Dalu menika, menawi kita raosaken, menapa mboten ewet, nampi dawuhipun Gusti lumantar nabi yesaya ingkang dipun tujokaken dumateng bangsa Israel kala semanten, kamangka Israel sawek nggadepi perkawis ingkang mboten ngremenaken, Yerusalem hancur lebur, lan selajengipun bangsa Israel Gesang dados budak manggen wonten ing tanah pembuangan.
Wonten ing perikup kita Dalu menika, Gusti Allah paring dawuh “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganingSun. Senajana Gusti paring dawuh lan janji ingkang mekaten, ananging bangsa Israel dereng saget nampi lan pitados Karana kasunyatane bangsa Israel taksih wonten ing pembuangan.
Mekaten ugi kagem Kula lan panjenengan sadaya, kita ugi asring kagungan pemahaman kados bangsa Israel, ewet nampi dawuh lan janjinipun Gusti. Menika kita sadari ke mawon, Karana kita sampun asring nampi janji saking manungsa lan mboten Nate dipun tepati.
Ananging saderek Kula sadaya, menika janjinipun Gusti Allah Lo, Gusti Allah menika Gusti ingkang mengaku Gesang Kula lan panjenengan sadaya, janjinipun saking mula ngantos sak menika mboten Nate ewah, lan janjinipun Gusti menika mboten kok janji palsu, njanjinipun pasti dipun genapi Dening Gusti.
Pancen kasunyatane, Gesang menika mboten gampil, ananging menawi kita beriman lan pitados pasrah Sumarah sak randune Gesang menika wonten ing pangrehipun Gusti, tamtu Gesang menika badhe dados gampil. Karana Gusti Allah piyambak ingkang janji lan tamtu dipun genapi, katun kadospundi mawon anggen kita nyikapi.
Bapa ibu ingkang Kinasih, wonten ing Minggu cawisan pertama menika, kita sadaya dipun ajak, mangga kita kanthi tekun, sabar, tumemen, sesarengan sami ngrantos janjinipun Gusti, pitados kanthi tulusing manah, bilih Gusti Yesus tansah mitulungi lan amberkahi Gesang Kula lan panjenengan sadaya, Wiwit dinten menika ngantos Salami laminya. Gust amberkahi. Amien.

By : Sudarmajitudeyang.

Anda harus log masuk untuk menerbitkan komentar.