Khotbah minggu 27 Maret 2022 (09.00)(bahasa Jawa)
Bacaan khotbah Lukas 15: 1 – 3, 11b – 32
Shalom, pasamuan ingkang kinasih, ing ndalem asmanipun Gusti kita yesus kristus, Sang juru basukinipun manungsa. Saderek ingkang kinasih, menapa kita nate nelangsani suatu perkawis utawi menyesali sesuatu perkara, wonten ing pigesangan menika ?..kawula pitados bilih sadaya tiyang tamtu nate ngalami. Kita asring mireng ungkapan ingkang mekaten “getun menika dugine mesthi kentun “ utawi Penyesalan selalu datangnya terlambat “ menawi ten ngajeng namine pendaftaaran.
Pasamuan ingkang kinasih, waosan kita dinten menika nyariosaken bab perkawis nyuga ingkang ical, kita sadaya tamtu sampun nate mireng, mangertos lan memahami bab perkawis carios menika, gambaran yuga ingkang ical, yuga ingkang mboten berbakti dumateng tiyang sepuh, yuga ingkang mbiten nate bersyukur, ngantos komowantun nyuwon warisan dumateng tiyang sepuh, kamangka tiyang sepuhipun tasih gesang. Lajeng saksampunipun angsal warisan, piyambakipun berfoya foya nelasaken hartanipun, pungkasanipun gesangipun dawah lan dados miskin. Menika gambaran, carios bab yuga ingkang ical, ananging saderek kula ingkang kinasih sejatisipun carios yuga ingkang ical menika mboten kok nyariosaken yuga ingkang bungsu kemawon, ananging ugi yuga ingkang sulung.
Pasamuan ingkang kinasih, carios yuga ingkang ical menika sejatisipun nyariosaken, carios tiyang sepuh ingkang sae manehipun, tiyang sepuh ingkang welas asih. Lan kontek perumpamaan menika dipun sampekaken dening Gusti yesus, rikala para pemungut cukai lan tiyang tiyang berdosa dugi sowan dumateng gusti yesus sak perlu mirengaken dawuhi Pun. Sawetawis tiyang tiyang farisi lan para ahli taurat mboten setuju, ningali gusti yesus bergaul lan nenda sesarengan kaliyan tiyang tiyang ingkang dipun anggep dosa kalawau.
Saderek kula sadaya, carios menika, saget kita bagi dados kalih kelompok utawi kalih bagian, njih menika kelompokipun anak bungsu lan kelompok anak sulung, kalih kelompok menika klebet klompok anak ingkang ical, seljengipun bapa tuwin ibu, tiyang ingkang mboten tau diri, tiyang tiyang ingkang dipun anggep gesangipun kirang prayogi wonten ing ngarsane gusti, lan sadaya tiyang ingkang dipun anggep klebet tiyang lepat, tiyang doso, menika mlebet wonten golonganipun anak bungsu ingkang ical, selajengipun, tiyang ingkang nganggap piyambakipun leres gesangipun wonten ing ngarsame gusti, menika klebet golongan anak sulung ingkang ical.
Pasamuan ingkang kinasih, kula ambali malih, kalih golongan, anak bungsu lan sulung menika, sami sami dados yuga utawi anak ingkang ical. Si bungsu dados anak ical karana keangkuhanipun, karana nafsunipun, dene si sulung dados anak ical karana nganggep gesangipun paling leres wonten ing ngarsanipun gusti, gesangipun remen nyetempel tiyang lintu menika minangka tiyang ingkang disa, lan mboten remen ningali tiyang ingkan bade bertobat.
Bapa tuwin ibu ingkang kinasih, mboten kita pungkiri, bilih wonten ing kasunyating gesang, kita menika mlebet wonten ing golongan anak sulung ingkang ical, karana kita asring menhakimi tiyang lintu, lan mboten gampil paring pangapunten ndumateng tiyang ingkang lepat dumateng kita, kamangka asring, bilih kita menika nganggep, minangka para putra lan putranipun Gusti Allah.
Bapa utawi tiyang sepuh, wonten ing carios menika, kagambaraken miangka Gusti Allah piyambak, ingkang kebak welas asih, sabar, mboten nate menghakimi tiyang sanes, kathi bijak didik lan mbimbing tiyang doso supados bertobat.
Mekaten ugi selajengipun, menawi kita nyimak perjalanan gesangipun bangsa israel, rikala mlebet dateng tanah perjanjian, gusti allah piyambak ingkang ndadosaken, bangsa israel minangka bangsa kagunganipun, lan umat israel dipun dadosaken ciptaan baru. Krana ingkang lami sampun risak dening dosa. Sakmenika manungsa sampun mboten malih minangka musuhipun Allah, manungsa sampun dipun damaiaken kaliyan Allah dening rahipun gusti yesus wonten ing kajeng salib. Manungsa sampun katebus dening gusti yesus lan dipun apura daso disanipun. Sakmenika sumangga, kita saling asung paring pangapunten dumateng tiyang ingkang lepat dimateng kita. Karana kita ugi sami sampun nampeni pangapuntening doso sakeng gusti.
Sederek ingkang kinasih, minggu menika taksih klebet minggu prapaskah ke IV. Wonten minggu prapaskah ke IV menika kula lan panjenengan sadaya dipun suwon merefleksi diri, menggalih, merenung, menapa kita menika rumaos kewetan, menawi kita paring pangapunten dumateng tiyang lepat…. Wangsulanipun jelas ewet, biasa nipun mekaten njih ??? Menapa kita gampil dendam ??? menika njih mekaten, wangsulane gampil, selajengipun, gampil pundi, membenci kaliyan mengampuni, menika ugi jelas, wangsulane gampil membenci, karana membenci menika perkawis ingkang gampil sanget, tanpa sinau pun saget. Benten kaliyan mengampuni, kedah sinau sabar sekedik mboka sekedik supados kulino sabar lan kulino mengampuni, gusti yesus piyambak, sampun paring tuloda, ngantos ngantos seda sinalib wonten ing kajeng salib, namung kangge ngapunten dosa kula lan panjenengan sadaya.
Wonten gusti yesus mboten wonten pengampunan ingkang mirah, karana gusti yesus sampun mbayar sedayanipun kangge nebus dosa kula lan panjenengan sadaya kanthi regi ingkang mahal, ingkang mboten saget dipun intang nilainipun, Gusti yesus mbayar sadayanipun kathi rahipun, kanthi yawanipun sedo sinalib ing ngardi golgota.
Karana menika saderek kula sadaya, mangga kita sami sinau paring pangapunten dumateng tiyang ingkang lepat dumateng kita. Lan regi ingkang kedah kita bayar njih menika, kesabaran, kerendahatian, ketulusan, ketekunan kan tumemen wonten ing gesang. Mangga kita sami hambangun gesang sesarengan kaliyan sesami, tanpa mbedak mbedak aken satunggal lan satunggalipun. Lan tansah hambangun hubungan kaliyan gusti kathi tekun ndedonga. Gusti yesus amberkahi. Amien

By : Sudarmajitudeyang

Anda harus log masuk untuk menerbitkan komentar.