Kotbah Ibadah Keluarga (17 Maret 2022)
Waosan wahyu 2 : 8 – 11. Natsipun ayat 10 bagian akhir. ” Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan “.
Saderek kula sadaya ingkang kinasih,wahyu 2:8-11 menika minangka wahyunipun gusti yesus dumateng pasamuan ing smirna. Nami smirna menika saking kata mur njih menika bahan kangge ndamel minyak wangi, dene mur piyambak ngemu teges pahit raosipun. Menika sangat cocok sanget kaliyan kawontenanipun pasamuan ing samaria, karana kala semanten pasamuan smirna sawek nggadepi mawarni warni pancoben. Kawontenanipun pasamuan smirna kala semanten estu estu memprihatinkan, warganipun miskin sanget, hal menika estu bertentangan kaliyan kawontenanipun kota smirna, ingkang sejatosipun smirna menika kota ingkang sugih sanget. Kemiskinan lan penderitaan ingkang dipun alami pasamuan smirna menika, mboten kok amargi warga smirna mboten purun nyambut damel, Ananging amargi warga pasamuan smirna mboten purun nyembah kaisar sehingga pasamuan smirna terus dipun tekan dening penerintah setempat kala semanten. Ananging bapa tuwin ibu, senajana mekaten, gusti yesus paring dawuh dumateng pasamuan smirna, wonten ing ayat 10 bagian terakhir ingkang mekaten “ sira di setya tuhu nganti tumeko ing pati, temah bakal sunganjar mahkuthaning kahuripan “
Saderek kula sadaya ingkang sami dipun tresnani dening gusti kita yesus kristus, menawi kita nyimak waosan ing wahyu 2 : 10 bagian akhir menika, wonten kalih perkawis ingkang kedah kita mangertosi, nomer satunggal njih menika mahkutho. Lan nomer kalih kauripan.
Patunggilan ingkang kinasih, wonten ing kamus bahasa indonesia mahkota menika ngemu teges salah satunggalipun, njh menika sesuatu ingkang berhubungan kaliyan kekuasaan. Ananging menawi miturut google, mahkota menika saget dipun maknai njih menika keabadian. Lan mahkutha meniko mboten kok sembarang tiyang ingkang kagungan, mboten kok sembarang tiyang ingkang saget nggayuh mahkutha menika, namung tiyang ingkang estu estu angsal wangsit, tiyang ingkang estu estu dipun timbali lan dipun piji ke mawon ingkang badhe nampi.
Patunggilan ingkang kinasih, nopa to tegesipun kauripan menika ??…. Miturut pemanggih kula, kauripan menika, saget dipun wastani sumbering urip. Lan sumbering urip ingkang sejatos menika njih Gusti Allah piyambak. Lajeng menawi mekaten, mahkutaning kauripan menika saget dipun maknai, gesang ingkang tanpa winates, utawi gesang langgeng.
wonten waosan kita ten wahyu 2:8-11. Sampun cetha lan gamblang sanget sinten ingkang badhe nampeni hadiah mahkotaning kauripan menika,.. njih menika, tiyang ingkang tatag nggadepi sadaya pancobane gesang, tiyang ingkang tetep teguh setya tuhu dumateng gusti nganti pungkasane gesang. Tiyang ingkang mekaten menika bakal nampi hadiah saking Gusti ingkang murbeng dumadi, arupi mahkotaning kahuripan.
Ananging bapa tuwin ibu wonten ing kasunyataning gesang, ingkang asring kita alami, kathah kathahipun menawi kita dipun hina, dipun caci, dipun fitnah, minangka manungsa limrah, tamtu kita nesu nesu, saget saget malah nglabrak du mateng tiyang ingkang sampun mencaci, menfinah lan menghina kala wau. Karana menika saderek kula sadaya gesang wonten ing alam ndonya menika kathah sanget godaanipun, biasanipun wonten ing alam ndonya menika, salah kedik, tiyang sampun nesu nesu, ngumpat, arep nglabrak lan sanes sanesipun. ( Conto : menawi wonten tangginipun wonten hajatan, tanggi tepalih njih dipun paringi. Ananging masio sampun di paringi, taksih mawon enten kirange lan di rasani, jarene sing, alah iwake cuilik cuilik, alah bumbune gak kroso lan sanes sanesipun ) La tiyang ingkang mekaten menika nopo njih patut nampeni hadiah mahkuthaning kahuripan?.. wangsulane wonten ing manah kita piyambak piyambak.
Menawi nilik ayat nats ipun, “ Wahyu 2:10 bagian terakhir “ Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan “. Saderek kula ingkang kinasih, sakmenika kados pundi kagem gesang kula lan panjenengan sadaya, supados kita sadaya angsal mahkuthaning kauripan utawi gesang langgeng saking panjenenganipun Gusti Allah Sang Rama…… mangga kita sami gesang kathi tumemen mbangun turut kaliyan gusti, Mangga kita sami nglampahi gesang menika kathi sabar tekun, andap asor, asung paring pambiyantu, asung lelados, asung paring pangormatan satunggal lan satunggalipun, ngantos ing wekasaning gesang. Yakin lan pitados bilih kita sadaya badhe sami nampeni mahkuthaning kauripan. Gusti yesus amberkahi. Amien.

By : Sudarmajitudeyang.

Anda harus log masuk untuk menerbitkan komentar.