Kotbah, Minggu 13 Waosan saking Lukas 13 : 31 – 35
Saderek kula sadaya ingkang sami dipun tresnani dening Gusti kita Yesus Kristus, menapa panjenengan sadaya nate ngalami bimbang.??
Bimbang menika wonten ing kamus bahasa indonesia, ngemu teges, njih menika manah ingkang mboten menentu, ragu ragu, mboten wonten kepastian.
Coto sederhana, mekaten.
Dino iki udan opo ora yo, iki mangkat kerjo opo ora yo, aku mengko oleh duwit opo ora yo, aku mengko dilokno opa ora yo, lan selajengipun. Mekaten ugi wonten ing gesang menika, kita asring nggadepi pilihan pilihan ingkang kedah kita pilih. Kita ugi asring mengalami kesulitan, pundi lan nopa ingkang kedah kita pilih lan tindakaken, sehingga kita bingung bimbang lan ragu, karana bimbang lan ragu, selajengipun kita malah mboten memilih, kita mendel nengga nopa ingkang badhe kedadosan. La sikap ingkang mekaten menika justru malah merugikan kita piyambak. Padahal kita dipun tuntut kedah memilih kanthi cepat lan tepat. Supados gesang kita wonten pendirian lan kemajuan. Gesang menika mboten badhe maju sesuai perkembangan zaman, menawi kita mboten kagungan pilihan lan Pendirian.
Pasamuan ingkang kinasih, waosan injing menika ugi mekaten, njih menika nyariosaken Gusti Yesus sawek nggadepi panggoda, supados kendel angenipun nindakaken ayahanipun minangka utusan Ramanipun.
Kathah tiyang farisi ingkang nggrudug Gusti yesus lan ngemutaken supados gusti yesus enggal enggal sumingkir saking wilayah yerusalem, kabaripun karana rajo herodes badhe mejahi piyambakipun ( ay 31 )
Saderek kula ingkang kinasih, sekilas kadosipun, tiyang farisi menika peduli ndumateng Gusti, ananging kasunyatane mboten mekaten, menika namung pokal gawene tiyang farisi, tiyang farisi menika kagungan rencana ingkang mboten sae tumrap gusti yesus, tiyang farisi kagungan rencana supados gusti yesus menika kendel anggenipun memucal wonten ing yerusalem. Ananging saderek kula ingkang kinasih senajana mekaten gusti yesus tetep wonten ing pendirianipun, gusti mboten bimbang lan ragu, gusti yesus ngambil keputusan ingkang cepat lan tepat, menika pendirianipun gusti, terus melajengaken angenipun memucal sanajano resikonipun ageng ingkang kedah dipun hadepi, ananging gusti yesus mboten ewah gingsir, gusti yesus ora wedi senajana mati ( ay 33 ) malah malah piyambakipun mungel mekaten “ tapi dino iki, sesuk lan suk emben aku kudu tetep nerusno lakuku iki “
Pasamuan ingkang kinasih, kuasaning ndonya menika tansah kagungan rencana jahat yg senantiasa inging menghancurkan misi Allah kangge milijengaken ndonyo lan isinipun. Yerusalem wonten ing ngriki, minangka gambaranipun ndoya ingkang kedah dipun wilujengaken saking karisakan lan kehancuranipun, supados ndonya lan isinipun, sadaya saget gesang kanthi sae, kebak tentrem rahayu. Kathi lemah lembut, kebak katresnan Gusti yesus memucal, ngatak lan martakaken kratoning swarga, ugi termasuk dumateng kula lan panjenengan sadaya. Anggenipun nin dindakaken pakaryanipun, Gusti yesus saget kagambaraken minangka induk ayam, ingkang kanthi sabar njagi anak anak ipun saking bebaya, mboten ajrih nopa kemawon badhe dipun hadepi.
Selajengipun saderek kula sadaya, roji herodes lan para tiyang farisi menika, minangko gambaranipun kekiyatan jahat, ingkang mboten remen ningali pakaryanipun Gusti Allah wonten ing alam ndinya menika, piyambakipun dipun gambaraken minangka srigala ingkang siap nerkam sinten kemawon ingkang katingal kemah iman lan kapitadosanipun.
Saderek kula ingkang kinasih, wonten ing kasunyatane gesang, perjuangan iman kita sadaya angen kita berusaha mewartakaken injiling gusti, ugi tamtu asring nggadepi mawarni warni rintangan lan godaan, kadang kadang malah saget ndamel kita sadaya bimbang lan ragu anggen kita asung lelados, karana menika mangga iman kapitadosan kita sami kita teguhaken namung ing ndalem asmanipun Gusti.
Pasamuan ingkang kinasih, minggu menika, minangka minggu prapaskah ingkang kaping kalih, mangga kita sami sinau, bab perkawis keteguhan lan kasetyan wonten ing timbalanipun gusti. Mangga kita sami sinau lan mendet hikmahipun, lumantar kasengsaraanipun gusti anggenipun nggadepi sadaya lampahing lan perjuanganipun gesang. Gusti yesus amberkahi. Amien.

By : Sudarmajitudeyang

Anda harus log masuk untuk menerbitkan komentar.