Bapa ibu ingkang kinasih, menawi Ningali kontek, sikon lan kondisinipun ingkang wonten ing injil lukas bab 6 : 17 – 26, menika nedahaken kawontenan pasmuan ingkang wonten kala semanten. kahananing pasamuan ingkang kagambaraken wonten ing injil lukas menika, njih pasamuan ingkang sawek nggadepi mawarni warni pancoben, utawi mawarni warni persoalan.
Persoalan pertama njih menika persoalan komunitas, wonten sebagian komunitas warga pasamuan kala semanten sawek nggadepi perkawis krisis pengajengngajeng dumateng sang Mesias. Wonten ingkang taksih tekun ngrantos kanthi sabar mbenjing menapo sang mesias menika rawuh, lintunipun malih wonten ingkang imanipun milai lesu, bimbang, ragu ragu, milai mempertanyakan mbenjing menapa sang mesias menika rawuh, ( lukas 17:8 )
Saderek kula sadaya ingkang kinasih, injil lukas piyambak negasaken bilih diten rawuhipun gusti yesus menika estu sampun pasti lan jelas sanget badhe kelampahan utawi Gusti yesus pasti rawuh. ( Lukas 21:8,9b ) karana menika saderek kula sadaya, injil menika kedah dipun wartaaken winten ing saklumahing bumi menika, la selanjengipun sinten ingkang martaaken, ingkang martaaken menika njih kula lan panjenengan sadaya wonten pundi kita manggen.
Saderek kula sadaya ingkang sami dipun tresnani dening Gusti yesus, kathi mekaten sakmenika ingkang dados fokus persoalanipun sanes dinten rawuhipun Gusti utawi mbenjing dinten menapa gusti yesus badhe rawuh, anangin ingkang dados fokus persoalan sejatosipun njih menika, injil kedah dipun wartaaken dumateng sadaya umat wonten ing saklumahing bumi. Selajengipun,
Perkawis ingkang kaping kalih, njih menika, cacahing utawi jumlahipun tiang sugih ingkang sampun pitados dumateng Gusti ( ingkang sampun kristen ) tiang tiang menika tansaya dangu tansaya nuwuhaken perkawis perkawis inggal wonten ing pasamuan, piambakipun nggadai watak watak ingkang mboten nyondongi kaliyan karsanipun gusti, injih menika egois, tamak lan mboten nate nggatekaken dumaten tiang tiang sekeng utawi miskin, selajengipun karana ketamakanipun menika justru malah saget ndamel Karisakanipun pasamuan. Lan iman kapitadosanipun piyambak pungkasani malah saget dawah wonten ing mawarni warni pancoben.
Pasamuan ingkang kinasih, sakmenika Kosokwangsulipun wonten ing kasunyatan gesang kita sami, kita saged mirsani gesangipun tiyang sugih ingkang tetep ngendelaken Gusti Allah. Piyambakipun malah gadhah kathah banda darbe ingkang saged dipun agem tumindak loman, asring paring dhateng tiyang ingkang kekirangan malah saged nyisihaken wekdal saking bot repoting pedamelan ing dipun ayahi. Kagem tiyang sugih ingkang mekaten mesti manggihaken karahayon, saged dados margining berkah kagem sesami. Justru ingkang mekaten klebet tiyang sugih ingkang nglepasaken gesang minangka tiyang mlarat ing ngarsanipun Gusti.
Kanthi model spiritualitas ingkang ngandelaken Gusti Allah sarta dados margining berkah, nabi Yeremia nyebut bilih saben tiyang, sae piyambakipun sugih punapa mlarat dipun gambaraken kados dene wit ingkang katanem wonten ing pinggiripun lepen, tansah ngedalaken woh. Gambaran punika ingkang manggihaken gesang ingkang langgeng mboten namung wonten ing jagat samangke, nanging ugi nalika Gusti Yesus rawuh kaping kalih, badhe angsal gesang ingkang langgeng. Kados dene dawuh saking Jabur 1:3 ingkang mekaten suraosipun: ”Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari.” Mekaten mestinipun gesangipun tiyang pitados saged ngedalaken uwoh karana sih rahmatipun Gusti.
Punika timbalanipun Gusti dhateng kita sami ingkang karsa ngandelaken Gusti wonten ing gesang sarta ngluhuraken kamulyanipun Gusti. Tiyang ingkang mekaten mesti gesangipun manggihaken karahayon. Kanthi karahayon ing manah sampun kalebet ngluhuraken Asmanipun Gusti. Kados pundi kagem piyambakipun ingkang mlarat, punapa piyambakipun namung saged ngandelaken welas asihipun tiyang sanes? Punapa mboten saged ngandelaken Gusti kanthi kawontenan ingkang dipun paringaken? Mestinipun gesang ingkang bebingah punika piwucalipun Gusti Yesus wonten ing Lukas 6:20, “Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga kowe kang padha nduweni Kratoning Allah.”
Panutup
Tuwuh pitakenan dhateng kita sami, kenging punapa manungsa asring ngendelaken kekiyataning kamanungsan piyambak utawi ngandelaken kekiyataning tiyang sanes sarta mboten purun ngandhelaken pitulunganipun Gusti Allah? Tamtu kathah jawaban saking pitakenan punika. Nanging ingkang perlu kita raosaken saestu ing wanci sapunika, kados pundi timbalanipun Gusti kagem kita sami manggihaken watak lan pribadi kita. Kita sadar menawi kita asring kagoda nglirwaaken Gusti Allah wonten ing gesang kita, malah ugi asring kita manggihaken karsaNipun Gusti kedah miturut pepinginan kita sami.
Kanthi mekaten kita manungsa ingkang dipun paringi sih rahmat (karunia) saking Gusti supados nguasani lan nakhukaken sedaya tumitah punika, nanging punapa kita ugi sumadya tanggel jawab ing kapitadosan ingkang dipun paringaken Gusti dhateng kita? Wonten satunggal sisi potensi (talenta) kangge kita sami nggadhahi lan nguwasani kathah prekawis kanthi serakah. Tumindak ingkang mekaten sanes tanda tiyang ingkang badhe angsal karahayon, awit namung ngegungaken kamanungsan kita menawi sampun sukses. Ingkang kasebat karahayon inggih punika nalika kita purun dados sarana margining berkah kawilujengan ingkang kita tampi kagem sesami, sedaya makhuk dalah alam thitahipun Gusti. Ingkang perlu kita lampahi minangka gesangipun para tiyang pitados, inggih punika nuwuhaken upaya kawilujengan lan katrentremanipun jagat. Jagat mboten dados risak malah sangsaya dangu jagat langkung nentremaken. Menawi kita sami saged mujudaken sedaya punika, ateges kita saged manggihaken diri kita, nuwuhaken timbalanipun Gusti, mujudaken kamulyanipun Asmanipun Gusti. Gusti mberkahi dhateng kita sami. Amien.

By : Sudarmajitudeyang

Anda harus log masuk untuk menerbitkan komentar.