Mateus 19:19
” Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe. “
Sederek kula ingkang kinasih ing dalem asmane Gusti, sugeng pinanggih malih, ing kempalan brayat dalu menika, patunggilan ingkang kinasih, kempalan brayat dalu menika taksih wonten gegayutanipun kaliyan bulan kespel.
Condong kalian kalender GKJW, antawis bln mei lan juni menika dipun tetap aken, minangka bln kespel, njih menika bulan kesaksian lan peladosan. Saderek kula sadaya ingkang kinasih, minangka umat pilihanipun Gusti, kula lan pajenengan sadaya, sadar utawi mboten, sadaya dipun tuntut kedah saget nedahaken dumateng tiyang lintu bilih kita sadaya menika estu sampun binerkahan dening Gusti, kito kedah saget asung lelados dumateng satunggal lan santunggalipun, tanpa mbedak mbedakaken, setatus sosialipun, tanpo mbedak mbedakaken agaminipun, kita kedah wantun bersaksi, bilih Gusti Yesus menika estu sampun nuntun, nyarengi lan nyekapi sadaya lampahing gesang kula lan panjenengan.
Patunggilan ingkang kinasih, condong kaliyan nats kita dalu menika,
Mateus 19:19.
Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe.”
Minangka tiyang kristen kita kedahipun wantun nedahaken, bilih kita menika benten kaliyan lintunipun, kita kedah wantun nedahaken bilih kita menika tiyang tiyang ingkan di pun timbali lan dipun piji dening Gusti supados saget nindakaken gesang condong kaloyan karsanipun Gusti. La gegayutan kaliyan bln kespel menika gusti paring. Mandat dumateng kita sadaya, salah satunggile kados engkang kaserat wonten ing Mateus 28:19-20
19 Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,
20 apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.
Saderek kula sadaya, sakmenika kados punda caranipun supados kita saget memulang, saget asung lelados kanthi sae lan saget ugi di pun trami kaliyan tiyang lintu kanthi sae ugi, minika kedah dipun pikiraken supados misi saget berhasil, lumantar Mateus 10:16 Gusti paring wejangan dumateng kita sami ingkang mekaten suraosipun
“Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.
Menika sampun cetha lan gamblang sanget, kita kedah bijak, angen kita asung lelados, supados misi menika saget berhasil, kita kedah bijak anggen kita bersaksi, saking pundi kedahipun kita wiwiti, anggen kita asung lelados lan bersaksi menika ?? Lah bapa lan ibu ugi saderek kula sadaya menurut pemanggih kula, sadaya menika saenopun mangga kita milai saking balai griya kita piyambak piyambak, kados pundi saenipun kita hambangun gesang bebrayatan, kita bangun kanti sae malih hubungan gesang kita kaliyan semah, kaliyan para putra lan ugi kaliyan tiyang sepuh, menawi Menika Sampun kita tindakaken kanthi sae, gesangipun Brayat kita rumaos tentrem lan ayem, ugi saget dados tulodo kagem tiyang lintu lan sejatosipun menika ingkang dipun kresakakem dening Gusti, karana menawi gesang kita utawi gesamg brayat kita dereng sae, kados pundi kita saget dados tulodo, menawi kita dereng saget nresnani brayat, semah putra wayah lan tiyang sepuh, kados pundi kita saget nresnani tiyang lintu.
Karana manika saderek kula ingkang kinasih, supados anggen kita bersaksi saget berhasil lan tamtu binerkahan dening Gusti, mangga sadaya menika kita wiwiti saking brayat kita piyambak piyambak, lan mugi anggen kita sami bersaksi, asung lelados saget dados Berkat kagem gesang kula lan panjenengan sadaya ugi sesami, Gusti yesus amberkahi…. Amien.

By : Sudarmajitudeyang.
