Yokanan 17:3
“ Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka “.
Patunggilan ingkang kinasih ing ndalem asmanipun Gusti kita yesus kristus, reraosan dalu menika keparenga kula paringi judul, “ GESANG LANGGENG “
Ngapunten sakderenge njih, wonten ngriki kula terinspirasi kaliyan kotbahipun bapak siono diten seloso kalawingi, ingkang nyinggung bab perkawis gesang langgen, njih menika gesang ingkang dados tujuanipun sadaya umat kagunganipun Gusti yesus, termasuk kula lan panjenengan sadaya.
Sakmenika gesang kekal menurut iman kapitadosan kristen menika gesang ingkang kados pundi, lah mangga sakminika kita gegilut sesarengan.
Miturut dawuhipun Gusti ing yokanan 17 : 3 mungel mekaten “ Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka “.
patunggilan ingkang kinasih, wonten ing kamus bahasa indonesia gesang menika ngemu teges, salah satunggilipun injih menika bergerak utawi bekerja. Dene kekal, ngemu teges mboten ewah, mboten bergeser utawi abadi. Menawi mekaten napato gesang langgeng menika, menurut iman kristen? Gesang langgeng meturut iman kristen menika, njih gesang ingkang bergerak, gesang ingkang bekerja ananging kerjanipun utawi gerakanipun mboten ewah mboten berubah gerakanipun abadi ngener namung dumateng panjenenganipun Gusti kita yesus kristus. Bapa ibu ugi saderek kula sadaya ingkang kinasih, menapa gesang langgeng menika gesang ingkang mboten badhe pejah!!! Njih leres gesang langgeng menika gesang ingkan mbaten badhe mengalami kematian, gesang langgeng menika sami kaliyan gesang abadi, selami laminipun kita badhe gesang, senajan jiwa lan raga kita menika pejah ananging kita tetep gesang karana kematian mboten badhe saget misahaken gesang kita kaliyan Gusti Yesus, menawi kita pejah tegesipun kita milai gesang enggal lan abadi kaliyan panjenenganipun Gusti kita yesus kristus, menawi gesang kita sampun nyatunggil kaliyan gusti, kita sadaya mboten badhe ngalami kasisahan napa malih siksaan, ingkang wonten namung kabingahan lan kawilujengan abadi.
Sakmenika kados pundi supados gesang kita sadaya wonten ing tembe saget ngalami gesang abadi utawi gesang langgeng ???… Wonten waosan wau kasebataken, bilih namung tiyang ingkang wanuh dumateng Allah Sang Rama sarta Gusti yesus kristus sang putra ingkang badhe ngalami utawi kagungan gesang langgeng. Wanuh dumateng gusti tegesipun iman kapitadosan kita kedahipun mboten owah, mboten miur, iman kita kedah ngener namung dumateng Allah sang rama lan yesus kristus sang putra, mboten kok iman isuk tempe sore dele, lha tiyang ingkang imanipun isuk tempe sore dele menika jelas mboten badhe saget ngalami utawi kagungan gesang langgeng.
Ananging saderek kula sadaya sampun kuwatos, gusti allah menika gusti ingkang maha mirah, gusti ingkang welas asih, menawi kita rumaos bilih iman kita isuk tempe sore dele, iman kita taksih dereng saget ngener dumatheng gusti, lan gesang kita taksih dereng saget sae lan condong kaliyan karsanipun gusti, taksih wonten wekdal kagem kita sadaya, mangga kita enggal mratobat kita toto malih gesang kita supados langkung sae malih katimbang diten menika, karana sejatisipun gustialah menika sampun sami nimbali lan miji kula lan panjenengan sadaya supados saget mlebet wonten ing patunggilanipun gusti lan angsal ganjaran gesang enggal ugi langgeng saklawase.
Patunggilan ingkang kinasih, mugio lumatar dawuhipun gusti dalu menika saget dados berkat kagem kula lan panjenengan sadaya. Gusti yesus amberkahi. Amien.

By : Sudarmajitudeyang

Anda harus log masuk untuk menerbitkan komentar.